Sabtu, 23 Maret 2013

Njaga Basa Banyumasan


" Ndablong Neng Kaos "
Melu njajal njaga basa biyung 


Tambah dina tambah dina tek rasa - rasa wong sengsaya sepetil sing nganggo basa banyumasan sing wong kana-kana ngarani basa "Ngapak". Ngapak jane kue cara wong wetanan karo sing udu asli wong jawa tengah sisi kulon oli ngarani wongedewek pas pada ndopok.Jan jane asline jenenge basa banyumasan.basane dewek jane pedek banget sejaraeh karo basa jawa kuno alias basa kawi "RIKA" bae asline kue ya sekang basa kawi.Tapi getul siki ana sing marekna atine enyong kue ngrasa kepengin njaga basa biyung alias basa banyumasan. Sing pertama jelas nyong wong asli Purbalingga lair gede neng Purbalingga kawit klower getul seprene wujude neng Purbalingga, jamane cilik gemiyen wis biasalah karo basa pengenyongan ayakie sing anggepane jere basa kasar..Kelorone enyong atine madan kepriwe ayakue,kenangapa cah siki pada isin nganggo basane dewek mbuh mergane apa..'RAGAUL,KASAR,"apa kepriwe enyong rung ngertikue .Ketelu enyong kue khawatir anake enyong putune enyong, putune tanggane kabehlah wong eks-karisidenan banyumas tambah tegalan, apa ILOKE esih gelem nganggo basane dewek. Sing dipikirna nek anak putune dewek wis ninggalna basane dewek jajal kayangapa...ilang blas ngemben-ngembene.Siki be wis mulai krasa....wong ngomong " KAYA - KIYE, RIKA, ENYONG, WAREG, KENCOT, " wis mulai jarang malah luih rame " CIYUS MITAMPAH " lha iya.basa biyung neng lemaeh dewek arep di edoih alias ditinggalna neng sing ngenggoni. kebangeten pokoke.Lha aku  maca petikane Ahmad tohari :sing neng wikipedia " INTINE YA RASA KAWATIR 20N TAUN MENG NGAREP GARI PIRANG PERSEN SING NGANGGO BASA BANYUMASAN. ayakue....Sekang wacanan kue bae nyong be ya melu mikirna kepriwe carane basa biyung kue ra ilang nggo pangarepe.Polah dadi polah banjut enyong nemu ide. Jamane siki cah nom kue seneng sing arane dandan, mejeng, njugur nganaggo apa - apa distro, sepethil-sepethil distro kang kono uteke enyong mulai mikir.Kepriwe cah enom kue melu mikirna kaya sing neng enyong tek pikirna ya kue njaga basane dewek. Lha idene ketemu kepriwe carane Gawe kaos sing Gambar cara mentherenge " DESAIN " sing nengkaos kue nganggo logat banyumasan sing maregi, NDABLONGLAH...utak-atik uthak-atik banjut nemu merek gawe merek NGAPAK DABLONGAN kebenerang enyong ya seneng utak athik corel dadi klop banget...Incerane enyong kue kabeh wong sing jane basane-basa Banyumasan sing esih nganggo ya tetep dienggo, sing kelalen ya diemutna, sing ra ngerti diwei ngerti...1,5 th punjul wis teklakoni nglebokna desain- desain Ngapak neng kaose enyong eh ra nyanggka sing kepengin be tambah dina tambah akeh...lha kiye kesempatan maen melu " nyosialisasikan "  basa biyung liwat kaos Ngapak Dablongan.

Sing paling seneng neng basa dialek Banyumasan kue apa...?tegas blaka alias terus terang apa anane

https://www.facebook.com/ngapak.dablongan
( CONTOH KAOS SING ISINE NGANGGO BASA BANYUMASAN )
NEK KUE TEMANE SINDIRAN


TEMANE LUCONAN

Moga-moga wong-wong sing nengkana-kana melu mikirna kepriwe sengkane basane dewek kon ora ilang...aku salut meng kanca sing neng jepang, korea melu njaga basane dewek neng kana aku tau olih pesenan sekang korea karo jepang sing jane asline wonge dewek.kie wonge nganggo kaos produke enyong.nu saking senenge karo kangen kayan-kayane meng basane dewek neng kana



ora mung semono thok usahane enyong dadi cah nom neng Purbalingga kepengin njaga basane dewek aku kepengin nyiptakna sing arane komik,utawa buku crita sing maen tapi nganggo basa Banyumasan alias " NGAPAK "kiye tulisan cendek sing tek tulis tujuane siji "ANAK PUTUNE ENYONG NGEMBEN ESIH BISA NGOMONG SING KAYA TEK OMONGNA SIKI YAKUE ESIH BISA NGOMONG BASA ASLINE RAMA BIYUNGE "

2 komentar:

  1. tu kek nya di gedung olah raga Badminton di Ansan - Korea
    betul tak..?
    heheheheheh.

    BalasHapus
  2. ya tu kiriman orang Ngapak yang ada dikorea

    BalasHapus